Aksara Latin
|
Kali (krama: lèpèn) utawa sungé punika margi kanggé miyosipun toya saking dhataran ingkang inggil tumuju dhumateng dhataran ingkang langkung andhap. Lèpèn ugi dados satunggaling komponèn wonten ing siklus toya. Toya ingkang mili wonten ing lèpèn limrahipun asal saking toya jawah, sumber toya, toya siti, lèpèn alit, grojogan, tlaga, lèlèhan ès saking gunung, utawi bucalan saking penampungan toya (dam lan sanèsipun). Mèh sadaya lèpèn kahubungaken kaliyan lèpèn sanèsipun ingkang dipunwastani ilèn lèpèn, tlatah ingkang langkung inggil dunungipun lajeng minangka sumber kanggé lèpèn punika. Toya lèpèn ugi saged asal saking sumber toya siti. Wiwit saking sumberipun, lèpèn mili mangandhap, limrahipun dumugi ing seganten utawi hilir sungai|tlaga. Wonten tlatah ingkang gersang amargi titiwancinipun kering|panas|rendheng, toya lèpèn kadhangkawis telas utawi kirang amargi pemanasan|panguapan. Toya lèpèn saged ugi ngrembes wonten ing salebeting sangandhapipun siti utawi watu ingkang kathah pori-porinipun lan saged katembus, lajeng dados air bawah tanah|banyu lemah|air tanah|toya siti. Panyedhotan toya kanggé indhustri, irigasi lan sanèsipun ingkang keladuk kathahipun, ugi saged ndadosaken lèpèn garing sadèrèngipun dumugi seganten utawi tlaga. Sungapan utawi pérangan ingkang langkung andhap, déning para ahli géologi dipunsebat minangka level dhasar lèpèn. Tlatah ingkang toyanipun mili dhateng lèpèn utawi dalan lèpèn dipunwastani tlatah tangkepan toya, lembah tangkepan toya, lembah pengeringan utawi dataran pengaliran lèpèn. Istilah "watershed" ugi dipunanggé mastani tapel wates antawis tlatah tangkepan toya satunggal lan sanèsipun, pramila lajeng dipunwastani pamérangan toya, utawi ing kasus sanèsipun, pamérangan bawana.
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search