Korupsi

Nyogok ugi kalebu tumindak korupsi
Konvensi Persatuan Bangsa-Bangsa Bersatu marang Korupsi

Tembung korupsi iku asalé saka basa Latin, yaiku saka tembung corruptio, kang tegesé ngrusak, nggawé bosok, lan nyogok. Dideleng saka segi basa, korupsi yaiku njupuk duit (nagara, utawa perusahaan, lsp) kanggo bathiné awaké dhéwé utawa wong liya. Tumindak korup iku diseleng saka patrap seneng nampa dhuwit suap, lan nggunakaké kalungguhan kang diduwèni kanggo kepentingan awaké dhéwé utawa wong liya.[1] Pangertèn korupsi miturut undang-Undang Bab I pasal 1 ayat 3-5 UU RI No.28 taun 1999 ngengingi Penyelenggara Nagara yang Bersih dan Bebas dari Korupsi. Korupsi yaiku tindak pidana kaya déné kang ana ing sajeroning peraturan perundang-undangan kang ngatur ngengingi tindak pidana korupsi. Saiki UU kang ngatur tindak pidana korupsi yaiku UU RI No. 20 taun 2001. Teges liyané, korupsi yaiku tumindak kang dilakoni wong kanthi ndelik-ndelik kanthi tujuan nyugihké awaké dhéwé utawa kancané lumantar cara kang ora bener kanthi cara nyliweraké kapercayan kang wis diwènèhké déning masyrakat.[2]

  1. Pendidikan Kewarganagaraan Untuk SMA Kelas X, Erlangga,2007, kaca 58, Pemberantasan korupsi di Indonésia
  2. Pengertian Korupsi[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 20 September 2012)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search