Mars

Mars  ♂
Planit Mars
Mars dilihat olèh teleskop luar angkasa Hubble
Penamaan
Adjektif Martian
Epos J2000
Aphelion249.209.300 km
1,665 861 SA
Perihelion 206.669.000 km
1,381 497 SA
Sumbu semi-mayor 227.939.100 km
1,523 679 SA
Eksentrisitas 0,093 315
Periode orbit 686,971 dina
1,8808 taun Julian
668,5991 sol
Periode sinodis 779,96 dina
2,135 taun Julian
Kecepatan orbit rata-rata 24,077 km/s
Inklinasi 1,850° menyang Ekliptika
5,65° marang ekuator srengéngé
1,67° marang babagan Invariabel[2]
Bujur node menaik 49,562°
Argumen perihelion 286,537°
Satelit 2
Ciri-ciri fisik
Jari-jari khatulistiwa 3.396,2 ± 0,1 km[a][3]
0,533 Bumi
Jari-jari kutub 3.376,2 ± 0,1 km[a][3]
0,531 Bumi
Kepepatan 0,005 89 ± 0,000 15
Luas permukaan 144.798.500 km²
0,284 Bumi
Volume 1,6318×1011 km³
0,151 Bumi
Massa 6,4185×1023 kg
0,107 Bumi
Kepadatan rata-rata 3,934 g/cm³
Gravitasi permukaan di khatulistiwa3,69 m/s²
0,376 g
Kecepatan lepas5,027 km/s
Hari sideris 1,025 957 hari
24,622 96 h[4]
Kecepatan rotasi 868,22 km/jam
Kemiringan sumbu 25,19°
Asensio rekta bagi kutub utara 21 j 10 m 44 d
317,681 43°
Deklinasi 52,886 50°
Albedo0,15[5]
Suhu permukaan
   Kelvin
   Celsius
minrata-ratamaks
186 K227 K268 K[4]
−87 °C−46 °C−5 °C
Magnitudo tampak +1,8 hingga −2,91[5]
Ukuran sudut 3,5—25,1"[5]
Atmosfer
Tekanan permukaan 0,6–1,0 kPa
Komposisi 95,72% Karbon dioksida
2.7% Nitrogen
1.6% Argon
0.2% Oksigen
0.07% Karbon monoksida
0.03% Uap air
0.01% Nitrogen monoksida
2.5 ppm Neon
300 ppb Krypton
130 ppb Formaldehida
80 ppb Xenon
30 ppb Ozon
10 ppb Metana

Mars utawa Anggara yaiku planit kaping papat saka srengéngé. Jenengé dijupuk saka jeneng déwa prang Romawi, Mars. Planit iki asring diarani "planit abang" amarga yèn dideleng saka kadohan katon semu abang. Iki amarga anané wesi (III) oksida ing lumah planit Anggara.[6] Anggara iku planit kang isiné watu kanthi atmosfér kang tipis. Ing lumah Anggara ana kawah, gunung geni, lembah, ara-ara, lan tudung ès. Pèriodhe rotasi lan siklus mangsa Anggara mirib karo Bumi. Ing Planit Anggara ana Gunung Olimpus, gunung kang paling dhuwur ing Tata Surya, lan Valles Marineris, lembah paling amba ing Tata Surya. Saliyané iku, ing sisih lor ana cekungan Borealis ambané nganti tekan 40% lumah Anggara.

Lingkungan Anggara luwih bisa kanggo manggon urip tinimbang kahanane Planét Kejora. Sanajan mangkono, kaanan kayaiku ora cukup idhéal kanggo uripé manungsa. Suhu udara kang rada adhem lan tekanan udara kang sithik, ditambah manèh karo komposisi udara ing Anggara isiné karbondioksida, ndadékaké manungsa kudu nganggo piranti ambegan yèn kepéngin manggon ing kana. Misi-misi menyang planit abang iki, nganti tekan pungkasané abad kaping 20, durung bisa kasil nemu tipak panguripan ing kana, sanajan kang paling prasaja.

Planit duwé 2 satelit, yaiku Phobos lan Deimos. Planit iki mbutuhaké 686 dina kanggo ngubengi srengéngé. Planit iki uga nindakaké rotasi. Suwe rotasiné yaiku 25,62 jam.

Ing planit Mars, ana fitur unik ing laladan Cydonia Mensae. Fitur iki wujudé kaya bukit yèn dideleng saka dhuwur katon kaya rai manungsa. Akèh kang nganggep yèn bukit iku bukti saka peradaban kang wis suwé musnah ing Mars, sanajan saiki wis kabukti yèn fitur iku mung kenampakan alam biyasa.

Ing mitologi Yunani, planit iki idhéntik karo déwa perang, yaiku Aries, putra Zeus lan Hera.

  1. Yeomans, Donald K. (2006-07-13). "HORIZONS System". NASA JPL. Dibukak ing 2007-08-08. — Di situs, pergi ke "web interface" dan lalu pilih "Ephemeris Type: ELEMENTS", "Target Body: Mars" and "Center: Sun".
  2. "The MeanPlane (Invariable plane) of the Solar System passing through the barycenter". 2009-04-03. Diarsip saka asliné ing 2009-04-20. Dibukak ing 2009-04-10. (dihasilkan melalui Solex 10 ditulis olèh Aldo Vitagliano; lihat pula babagan Invariabel)
  3. a b Seidelmann, P. Kenneth; Archinal, B. A.; A'hearn, M. F.; et al. (2007). "Report of the IAU/IAG Working Group on cartographic coordinates and rotational elements: 2006". Celestial Mechanics and Dynamical Astronomy. 98 (3): 155–180. doi:10.1007/s10569-007-9072-y. Dibukak ing 2007-08-28.
  4. a b "Mars: Facts & Figures". NASA. Dibukak ing 2007-03-06.
  5. a b c Williams, David R. (September 1, 2004). "Mars Fact Sheet". National Space Science Data Center. NASA. Dibukak ing 2006-06-24.
  6. "The Lure of Hematite". Science@NASA. NASA. March 28, 2001. Diarsip saka sing asli ing September 14, 2012. Dibukak ing June 12, 2013. {{cite web}}: More than one of |archivedate= and |archive-date= specified (pitulung); More than one of |archiveurl= and |archive-url= specified (pitulung)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search