Pandhawa

Pandhawa
Para Pandhawa
Pandhawa.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Pañca Pāṇḍava
Jeneng miturut aksara
Dewanagari पञ्च पाण्डव
aksara Bali ᬧᬜ᭄ᬘᬧᬵᬡ᭄ᬟᬯ᭟
aksara Jawa ꧋ꦥꦚ꧀ꦕꦥꦴꦟ꧀ꦝꦮ꧉

Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa.

Lima paraga iki turunané Prabu Pandhu Dewanata kang dadi raja ing Astina. Prabu Pandhu disepata déning déwa bakal mati yèn saresmi karo garwané. Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwané, mèlu belapati, kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Déné Yudhistira, Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti. Sadurungé karo Pandhu, Dewi Kunthi naté nglairaké bayi kang banjur dijenengi Suryatmaja.

Pandhawa dadi satru/mungsuh Kurawa ing Bharatayudha. Déné, Suryatmaja (Karna) mèlu Kurawa nglawan sadulur-seduluré dhéwé.

Pandhawa ing Kapercayan Kabudayan Jawa, lumebu pérangan wong-wong kang kudu diruwat. Yèn ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search