Pasta

Pasta seger
Pasta seger

Pasta inggih punika salah satunggaling dhaharan ingkang sampun dipunolah ingkang dpiunginakaken wonten ing jinis masakan Italia, ingkang dipundamel saking campuran glepung terigu, toya, tigan, lan uyah ingkang lajeng saged mbentuk adonan ingkang salajengipun saged dipundamel dados manéka warna variasi ukuran lan wujudipun.[1] Pasta inggih asring dipundadosaken dados manéka warna jinis dhedhaharan sasampunipun dipunmasak kanthi cara dipungodhog rumyin. Wonten ing Indonésia, jinis pasta ingkang misuwur inggih punika kados ta spageti, makaroni, lan lasagna. Wonten ing basa Inggris, pasta inggih punika minangka sebutan kanggé manéka warna jinis dhedhaharan kanthi bahan ingkang paling wigatinipun inggih punika salah satunggaling jinis pasta ingkang dipunparingi bumbu lan saos. Pasa inggih asalipun saking baa Italia "pasta alimentare" ingkang ateges adonan bahan dhaharan. Wonten ing teges ingkang langkung wiyar, pasta saged ateges sadaya adonan inggih kados ta adonan roti, pastry, uawi cake. Wonten ing basa Italia, pasta ingkang ateges minangka bahan dhaharan kados mi punika dipunsebut pastasciutta. Pasta inggih dipundamel saking glepung terigu semolina ingkang minangka asiling gilingan saking wiji gandum durum ingkang lajeng dipuncampur kaliyan tigan saéngga saged sakedhik redi warna kuning cerah lan manawi dipunmasak kanthi leres saged ngasilaken tekstur ingkang sakedhik radi kenyal. Pasta ingkang dipundamel ing Amérika asring dipundamel saking campuran glepung terigu Farina lan Semolina, saéngga saged gadhah tekstur ingakng langkung lembut manawi dipundadosaken hidangan kados ta kaserol. Ing sak njawinipun nagara asalipun ing Italia, pasta padatanipun dipunsadé ing wujud wungkusan wonten ing wujud garing. Pasta ingakng garing lajeng dipundamel ing pabrik ngginakaken mesin ekstrusi ingkang saged nyurung medal adonan pasta liwat bolongan-bolongan saringan. Wujud-wujud pasata ingkang sanèsipun dipunpikantuk kanthi cara nggiling adonan pasta dados lembran-lembaran ingakng salajengipun dlajeng dpun kethok-kethok utawi dipuncithak.[2] Pasta seger ingkang dipundamel ing rumah tangga lan restoran dipunbentuk ngginakaken tangan persis saderengipun pasta dipungodhog. Pasta seger betahaken wekdal masak ingkang langkung rikat, nanging pasta seger boten saged tahan ngantos dangun, dipunsimpen amargi gahdah kadar toya ingkang inggil. Pasta ingkang garing saged tahan lama kanggé dipunsimpen ngantos 3 taun utawi langkkung amargi namung gadhah kandhungan toya kathahipun 10%. Pasta ingkng sampun dipunmasak lan namung kantun dipunpanasaken kémawon ngginakaken oven microwave ugi asring dpunpanggihaken wonten ing pérangan dhaharan beku ing pasar swalayan.[3]

  1. www.lifeinitaly.com :: History of Pasta Sajarah pasta
  2. www.annamariavolpi.com How to cook dry pasta Cara merebus pasta
  3. www.cookandsave.com :: Homemade pasta Cara membuat pasta segar di rumah

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search