Tetuwuhan

Aksara Latin
     
Tetuwuhan
Kalamangsa: 520 Ma
Kambrium tekan saiki, nanging pirsani teks
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain: Eukaryota
Unranked: Archaeplastida
Karajan: Plantae
Haeckel, 1866[1]
Divisi


Alga ijo

Tetuwuhan dharat (Embryophyta)

Nematophytes

Tetuwuhan iku ing èlmu Biologi tegesé titah kang kagolong Regnum Plantae, ing antarané: kabèh tetuwuhan mawa pembuluh, kang semu lan kang sajati (lumut ati, lumut, paku-pakuan uga tetuwuhan wewiji). Ing vèrsi taksonomi tetuwuhan tinentu, alga ijo uga kalebu ing karajan (regnum) iki. Tetuwuhan iku jinis titah autotrof kang mupangataké klorofil kanggo komponèn pangowah ènèrgi foton saka cahya srengéngé dadi ènèrgi kimiawi kang wujudé gula. Prosès pangalihan iki diarani prosès fotosintesis. Amarga solahé kang autotrof, tetuwuhan iku ana ing posisi angka siji ing ranté ilèn ènèrgi liwat titah (ranté panganan). Amarga warna ijo dominan banget ing anggota karajan iki, mula jeneng liya kang dianggo yaiku Viridiplantae ("tetuwuhan ijo"). Jeneng liyané yaiku Metaphyta.

Klasifikasi tetuwuhan mangsa kapungkur nglebokaké uga kabèh jinis alga lan fungi (kalebu jamur lendhir) minangka anggotané. Kritik-kritik kang muncul sabanjuré agawé fungi dipisahaké saka tetuwuhan. Sanadyan stasioner, fungi asipat saprotrof, olèh ènèrgi saka sisa-sisa bahan organik. Kajaba iku, dhindhing sèl fungi ora kasusun saka bahan kang padha karo tetuwuhan lan malahan mèmper kéwan. Sapérangan gedhé alga banjur wiwit dipisahaké saka kaanggotaan tetuwuhan amarga ora duwé diferensiasi jaringan lan ora ngembangaké klorofil minangka pigmen panangkap ènèrgi.

Panggunaan tèknik-tèknik biologi molekuler marang filogèni tetuwuhan pranyata mènèhi panyengkuyung pamisahan iki.

  1. Haeckel G (1866). Generale Morphologie der Organismen. Berlin: Verlag von Georg Reimer. kc. vol.1: i–xxxii, 1–574, pls I–II, vol. 2: i–clx, 1–462, pls I–VIII.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search