Umbria

Peta Umbria

Umbria iku sawjining "regione" pagunungan ing Italia tengah, dumunung ing lembah Kali Tiber. Region iki wewatesan karo Toscana ing kulon, Marche ing wétan lan Latium ing sisih kidul. Region iki jembaré 8.456 km² kanthi populasi 834.000 (sensus 2003).

Region iki dijenengaké saka suku Umbri, kang manggon ing wewengkon iki abad angka 6 SM. Basa kang dipigunakaké yaiku basa Umbria, sakulawrga karo basa Latin. Kutha krajan region iki yaiku Perugia. Region iki dibagi dadi loro provinsi, yaiku provinsi Perugia lan provinsi Terni.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search