Walang | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Subordho: | Caelifera |
Familia | |
Superfamilia: Tridactyloidea Superfamilia: Tetrigoidea Superfamilia: Eumastacoidea
Superfamilia: Pneumoroidea Superfamilia: Pyrgomorphoidea Superfamilia: Acridoidea
Superfamilia: Tanaoceroidea Superfamilia: Trigonopterygoidea |
Walang iku insekta hèrbivor saka subordo Caelifera ing ordho Orthoptera.[1] Insekta iki duwé antena kang mèh mesthi luwih cendhak saka awaké lan uga duwé ovipositor cendhak. Swara kang ditimbulaké sapérangan spésies walang racaké diasilaké kanthi nggosokaké femur mburiné marang sewiwi ngarep utawa abdomen (karan stridulasi), utawa amarga kepakan swiwiné nalika mabur.[1] Femur mburiné lumrahé dawa lan kuwat kang cocog kanggo mlumpat.[1] Insekta iki lumrahé duwé suwiwi, sanadyan swiwiné sok ora bisa dipigunaaké kanggo mabur. Walang wadon lumrahé ukurané luwih gedhé tinimbang kang lanang.[1]
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search