Wong Jawa

Suku Jawa
Wong Jawa (Ngoko) ꦮꦺꦴꦁꦗꦮ
Tiyang Jawi (Krama) ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶ
Perkawinan Tradisional Jawa
Gunggung cacah jiwa
(2004: kurang luwih 90 yuta.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Indonésia:

Malaysia: 1-2 yuta
Mesir: 87.000
Suriname: 75.000.
Kaledonia Baru: 5.000.
Républik Rakyat Cina: 400.

Koréa Kidul: 20.
Basa
basa Jawa, basa Indonésia, basa Malayu, basa Madura, basa Nèderlan, basa Prancis, Basa Cina, basa Mandarin, basa Koréa lan liya-liya.
Agama
Islam, Kristen, Hindhu, Buda lan Kajawèn,
Golongan ètnik magepokan
Wong Sundha, Wong Madura, Wong Bali.

Wong Jawa (Jawa ngoko: wong Jawa/ꦮꦺꦴꦁꦗꦮ, krama: tiyang Jawi‌/ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶ) iku bebrayan utawa golongan ètnis kang asalé saka Pulo Jawa pérangan tengah lan wétan. Nanging ing abad kaping 21 wong Jawa wis sumebar ing saindhenging Nuswantara lan sajabané. Cacahé manawa watara 90 yuta. Asalé saka Pulo Jawa lan mligi ing Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Nanging ing provinsi Jawa Kulon uga akèh tinemu Wong Jawa, mligi ing Kabupatèn Indramayu lan Cirebon kang mayoritas masarakaté minangka wong-wong Jawa kang migunakaké basa lan budaya Jawa, lan ing Banten lan uga ing Jakarta akèh sumebar wong Jawa. Saliyané wong Jawa baku, ana uga subsuku Using lan Tengger.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search