Wong Nias

Jogèd perang Nias

Suku Nias yaiku kalompok masarakat kang urip ing pulo Nias.[1] Ing basa asliné, wong Nias diarani "Ono Niha" (Ono = anak/katurunan; Niha = manungsa) lan pulo Nias kanthi jeneng "Tanö Niha" (Tanö = tanah).[1]

Suku Nias iku masarakat kang urip ing lingkungan adat lan kabudayan kang isih dhuwur.[1] Hukum adat Nias diarani fondrakö.[1] Hukum iki kang ngatur kabèh segi kauripan wiwit saka lair nganti mati.[1] Masarakat Nias kuna urip ing budaya megalitik iki dibuktekake karo tilas sajarah kang wujud ukiran ing watu-watu gedhé kang isih tinemu ing laladan pedalaman pulo iki nganti saiki.[1] Suku Nias duwé sistem kasta(12 tataran Kasta).[1] Tingkatan kasta kang paling dhuwur yaiku Balugu.[1] Kanggo nampa kasta iki wong kudu bisa nggawé pista gedhé lan ngundang éwonan wong lan nyembelih éwonan babi kanthi wektu pirang-pirang dina.[1]

  1. a b c d e f g h i Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet1

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search